Wednesday, March 26, 2008

5 (gangsal) tahapan Gesang

Lan podo ilingno, sebab sak temene peringatan(perkeleng) iku manfaat kanggo wong kang podo percoyo”QS adh-Dharit (51);55

Kito supados enget wewarah “mulad saliro hangroso wani”, eleng sangkan paraning dumadi sadar , mawas diri/introspeksi ugi enget asal usul kito saking pundi lan enjengipun badi dateng pundi.

Kito samangke, ing ngarcopodo / alam donya meniko nembe wonten ing tahap kaping 3 (tigo) saking 5(gangsal) tahapan gesang manungso.

TAHAP I.ALAM ARWAH.

Sakatiko ndamel Nabi Adam AS kanthi astanipun, satemah Alloh SWT kerso ngusap gegeripun Nabi Adam. Dumadakan medal sedoyo arwah ingkang minongko cikal bakaling jalmo manungso saking jaman Nabi Adam ngantos pungkasaning manungso dinten qiyamat. Alloh SWT dawuh “Engsun gawe roh-roh iki kanggo ahli suargo, lan kanti amalan ahli suargo wong-wong iki podo iso nglakoni”. Alloh ngusap maleh ingkang kapindo ugi medal sedoyo arwah, Alloh dawuh “Engsun gawe roh-roh iki kanggo ahli neroko, lan kanti amalan ahli neroko wong-wong iki podo nglakoni”. Rikanten Rosululloh SAW ngendikaaken bab mekaten tumunten wonten tiang ingkang matur “ kangge menopo malih ngamal toh kito bade mlebet suargo menopo neroko sampun wonten taqdiripun”.

Rosululloh ningkasaken kanti ngendiko” naliko Alloh SWT ndadekake kawulane kanggo ahli suargo, wong mau ditaqdirake ndilalah urip sepisan ing donya iso ngamalake lakon lakone ahli suargo, nganti matine kanti amalan iku lan mlebu suargo yo sebab amalane wong mau, semono ugo naliko ndadekake kawulane kanggo ahli neroko, wong mau ditaqdirake ndilalah urip sepisan ing donya ngamalake lakon lakone ahli neroko (ora iso/ora mampu ngamalake lakone ahli suargo), nganti matine kanti amalan iku lan mlebu neroko yo sebab tumindake dewe wong mau. Dawuh Rosululloh mekaten saged dipun pirsani piyambak ing hadis Sunan Abu Dawud Kitabussunah jus 2-529 utawi ing himpunan hadis kitab ahkam hal.5-7.


TAHAP II. ALAM ROKHIM /KANDUNGAN.

Papan ing alam donnya meniko ciut, sahinggo Alloh SWT ndadosaken manungso (kanti cikal bakal ruh ingkang sampun kacawisaken) kanti gilir gumanti mboten secoro sesarengan, Saking jaman Nabi Adam AS seperangan lahir saperangan malih kapundut , mekaten sak lajengipun ngantos persediaan roh meniko telas sak derengipun dinten qiyamat. Tumurunipun saking alam roh dateng alam donya meniko lumantar rumaketing kakung lan setri ing bale wisma. Wondene prosesipun ing kandutan ibu sekedik mboko sekedik saged dipun pirsani ing Kitab Suci Al-Qur’an Surat al-Haji (22): 5. Wonten alam kandungan meniko dangunipun nyumanggaaken ingkang murbo ing dumadi Alloh SWT QS.Ali Imron(3);6.Alloh SWT ingkang nyampurnaaken manungso saking roh dados jalmo menungso, kados pundi rupanipun lan sepinten dangunipun ngantos lahir ing alam dunyo.

Namung Nabi Adam AS ingkang mboten lumantar kandutan ibu awit Alloh SWT piyambak ingkang nggraito ngagem astanipun (Kitab Badaul Kholqi Adam) lan namung Nabi Isa AS ingkang mboten kagungan bapak awit Alloh SWT kerso nyebulaken roh tumuju ing rahimipun Ibu Maryam.


TAHAP III. ALAM DUNIA.

Tahap kaping tigo ingkang minongko penentu tumrap kaleh tahap salajengipun.(menawi mirsani jari asto meniko ingkang jari tengah paling inggil/menonjol). Benjengipun wonten alam kubur soho alam akhirat manungso bade gesang bejo, mulyo, sesuko menopo bade gesang ino, ciloko, popo lan cintroko gumantung kados pundi manungso gesang ing alam dunya niki. Sedoyo akal , usaha, rekodoyo sak uba rampene kangge panjongko gesang sekeco ing akherat mangke sagetipun injih naming dipun tindaki wonten ing donya sak niki. Alloh SWT ingkang adamel jagad sak isinipun sampun paring dateng sedoyo jalmo manungso arupi akal/angen-angen, netro soho talingan. Menawi manungso purun ngginaaken kanti prasojo lan temen yekti saged paham menopo kersanipun ingkang Maha kuwaos. Kosok wangsulipun menawi mbonten purun ngginaaken peparingipun akal padang, netro soho talingan tundonipun bade ciloko.” Yekti temen Engsun Alloh ndadekake okeh-okehe / mayoritas/umume seko jin lan manungso kanggo ngebaki jahanam, yoiku wong kang diparingi ati ora dianggo angen-angen lan mahami, duwi mripat ora dinggo ningali, duwe kuping ora kanggo ngrungoake/ngudi (maring barang hak), makhluk kang koyo mengkono koyo ora bedo karo sato kewan, keporo luwih ino. Mengkono iku makhluk kang podo lali / ketungkul / kelendran” QS al-A’rof (7):179.

Bp Ibu soho poro sedulur kulo, ing mongko kito gesang sepindah ing alam donya meniko menawi kaparingan umur 100 tahun meniko namung sami kalihan 1/10 dinten akhirat” wong-wong podo kesusu kepingin sikso , kamongko Alloh SWT ora bakal nyulayani janji, sak temene sak dino ing ngarsane pengeranmu (akhirat) iku koyo dene sewu tahun kang siro kabeh etung-etung (dunyo)” QS al-Haji (22);47.

Menawi kito purun pasrah , menyerah nindaki lakon lakon ahli suargo ingkang sampun sinerat ing kitab suci wahyu Alloh SWT ngantos kito tinimbalan wangsul ing alam kubur kito tetep istiqomah (netepi lan konsekuen), ateges kito ing alam arwah rumiyin kalebet usapan Alloh ingkang sepisan, minongko calon ahli suargo. Manungso meniko wayang ibaratipun wonten dalang ingkang nglampahaken. Kosok wangsulipun menawi kito kaparingan umur ngantos telas jatahipun kapundut sawanci-wanci ananging dereng/mboten purun pasrah, longgar manahipun kangge nglampahi lakon-lakonipun ahli suargo ingkang sampun gamblang kinandut ing dawuh Alloh, ateges taqdiripun kito rumiyin teng alam arwah kalebet usapan kaping kalih minongko calon penghuni neraka. Na’udhubillah min dhalik, meniko rahasia taqdir Alloh SWT.

Bade alasan kados pundi kemawon ing akhirat boten bade wonten manfaatipun, amargi sedangunipun gesang ing donya sampun kaparingan bekal arupi angen-angen/akal padang, netro, talingan soho sampun pinaringan wedal / kesempatan .”Mongko ing dino iku (akherat) kanggo wong kang dholim (njarak/nekat/ngremehake/nggampangke) alasan opo wae ora iso migunani maneh, lan wong-wong iku wis ora diparingi wektu (kanggo bertaubat) maneh “QS.Ar-Rum(30);57.

Ingkang saget alasan wonten ing akhirat kanti sebab-sebab ingkang tertentu sahinggo mboten saged ngamalaken lakonipun ahli suargo lan kanthi sifat Maha Welas Alloh SWT kerso nampi alasanipun kanthi paring kemurahan /dispensasi, namung wonten 4(sekawan ) golongan (Kitab Jannah wan Nar). Ing mongko kulo, Bp, Ibu soho para sedulur sedoyo , menopo kalebet 4 (sekawan) golongan ingkang pikantuk ruhsoh/kemurahan dipun tamoi alasanipun. Monggo dipun presani klik mriki


TAHAP IV. ALAM QUBUR.

Sasampunipun manungso nalasaken jatah umur piyambak 2 , cepat utawi lambat sawanci-wanci temtu tinimbalan wangsul dateng ngarsanipun ingkang akaryo jagad saperlu mempertanggungjawabkan amalanipun. Lumebet ing alam kubur sedoyo jalmo manungso ingkang sampun mawujud kunarpo/mayit temtu bade manggihi perkawis ingkang awrat. Dipun tilar piyambak ing lebeting siti pasarean kanti tasih kapireng deneng mayit suanten kresek-kresek sandalipun para takziah. Dumadakaan wonten kalih malaikat ndatengi mayit sewau, nunten kekalih malaikat wau ndangu keng mayit supados lenggah. Mayit dipun tangleti ”opo penemumu marang wong iki (Nabi Muhammad SAW)” menawi tiyang iman /pitados dados tiyang islam/menyerah estu nderek dateng tuntunan(sunah) kanthi ngamalaken/nggatosaken tilaranipun Rosulullph SAW (al-Qur’an lan al-Hadis) temtu saged matur” tiyang meniko kawulo lan utusan AllohSWT “.

Mayit ingkang saged njawab kanthi leres wau nunten dipun dawuhi” kae deloken papanmu ing neroko, nanging temen Alloh SWT wis ngganti kanthi papan kang luwih apik(suargo)” Mayit wau saged ningali kalih-kalihipun papan wau (suargo-neroko).

Ananging mayit ingkang mboten pitados/ mlengos utawi tiyang ingkang ngakunipun iman/islam namung dumugi lamis/lahir sahinggo amalanipun mboten cocok kalihan conto tulodho saking Rosululloh SAW, rikanten dipun dangu malaikat aturipun”kulo mboten ngertos tiyang meniko, kulo namung ngucap/ngamal kados pundi ucapanipun tiyang-tiyang” Malaikat dawuh”kowe ora ngerti, kowe ora arep-arep/ ora moco” tumunten mayit wau dipun gebuk ing antawisipun kalih talingan(ing bathuk) kanti sak gebukan. Satemah njalari mayit wau mbengok njerit ngantos kapireng dene makhluk sanesipun kalih golongan(jin lan manungso)al-hadis riwayat Nasai Kitabul Janaiz hal.34.

Menawi ing kubur mayit sampun dipun piloro ateges alamat/pertanda wonten akherat bade sakalangkung sengsoro kanthi mboten saged dipun gambaraken malih, kosok wangsulipun menawi ing pasarean/kubur mayit saged sare sekeco saged ningali papanipun binjing ing suargo ateges panci calon ahli suargo. Wondene dangunipun mayit wonten alam kubur meniko ngantos prosesi dinten qiyamat/rusakipun bumi langit sak isinipun sedoyo alam semesta ,titiwancinipun Alloh SWT bade nggantos alam.


TAHAP V. ALAM AKHIRAT.

Alam ingkang pungkasan (muara terakhir), alam kalanggeng, mboten wonten malih alam saklajengipun.

Namung wonten kalih papan swargo utawi neroko, kathah tiyang sami getun kanti sak kalangkung nelongso. Antawisipun tiyang ingkang sejatosipun wedal teng alam dunyo meniko saged/sempat menawi bade mendalami ilmu agami(mengkaji), ananging ketungkul (Riwayat Ibnu ‘Asakir), sahinggo amalanipun namung nderek kados pocapaning tiyang/nderek umumipun tiyang ibadah. Mboten cocok kalihan conto tulodho saking Rosululloh SAW.

Ugi wonten tiyang mlebet teng neroko sa’ir sambat” umpomo aku mbiyen (nong donya) gelemo ngrungoake lan gelemo mikir nganggo akal padang, mesti wae aku ora manggon ing neroko sa’ir iki”QS.al-Mulk (67);10. Langkung getun lan jengkelipun mboten kantenan injih (tiyang islam) ingkang ibadahipun namung nggantungaken /manut dateng tiyang sanes mboten purun neliti/ngecek mbuka al-Qur’an al-hadis, sami sambat ” Mbok yo aku mbiyen manuto Alloh SWT lan utusane. Ya Alloh kulo rumiyin namung ngibadah manut nderek dateng poro pimpinan lan penggedi(ulama, kiyai) ananging kasunyatanipun poro ulama kiyai wau somo nyasaraken dateng kulo, pramilo Ya Alloh mugi panjenenganparing siksa ingkan tikel matikel dateng ulama kiyai kulo lan mugi panjenengan paringi laknat ingkang ageng” QS.al-Akhzab(33);66-68.

Meniko akibatipun tiyang ingkang mboten/dereng uningo dateng syariat agami islam ingkang hak tersurat lan tersirat kinandung ing kitabillah Al-Qur’an soho al-hadis. Sahinggo amal ibadahipun namung nderek dateng tiyang ingkang sampun kalajeng pinitados dating ulama, kiyai ingkang kawawas pono babagan agami,) ananging sejatosipun seperangan pangandikan soho amalanipun kebak kalihan akal-akalan, hawa nafsu, pengaruh kepentingan politik sesaat, penemu saking kitab-kitab ingkang boten jelas jluntrungipun mboten saged dipun pertanggungjawabkan.

Ing mongko Bp Ibu lan poro sedulur,

menawi sampun kalajeng katimbalan sowan ing ngarsanipun Alloh, kagunganipun bondo lan peputra mboten saget caos manfaat pitulungan. Sepinten kathahipun bondo donya soho inggilipun pangkat kadonyan poro putro, mboten saged nylametaken saking neroko tumuju tumpunten lumebet swargo, kejawi kanti syarat rikanten gesangipun tiyang meniko sampun estu iman/pitados soho islam menyerah dateng Alloh SWT lan rosulipun.

QS.as-Su’aro(26);88-89. Panyuwunan doa pangapunten saking putro, kalebet amal jariyah, soho ilmu ingkang miguno meniko saged caos manfaat dateng tiyang sepuh kanti syarat antawis putra lan tiyang sepuh ingkang sampun kapundut meniko sami-sami se-iman-islam, keporo antawis putra lan bopo saged dipun panggihaken ing setunggal drajat ingkang sami ing swargo kanti mboten ngirangi drajat antawis setunggal lan setunggalipun, al-ayah.QS.at-Thur(52);21.

Ananging menawi ngantos dumugi tinimbalan sawanci-wanci tiyang dereng estu iman islam/dereng menyerah ngabulaken dawuh Alloh SWT lan Rosululloh SAW, wonten akhirat bade dipun sikso, boten saged alasan maleh, boten saged nebus sikso wau sinaosa kanthi gadahanipun emas sak agenging bumi, al-ayah(QS Ali Imron(3):91.

Mekaten menggah 5(gangsal) tahapan gesanging manungso, mugi andadosno kauningan.

Sepindah malih kagem Bp Ibu lan poro sedulur supados dipun renungkan kanthi weninging penggalih, enggal nyuwun pituduh dateng Alloh SWT, mumpung tasih wonten wedal, dereng telat. Sedoyo lepat nyuwun agunging pangapunten.


Wonten mapinten pinten perkawis minongko bahan pertimbangan:

  1. Nyuwun dateng Alloh SWT supados dipun paringi kesabaran( ketabahan, keberanian) kangge netepi keimanan, dipun paringi tatag manahipun nindaaken ibadah ingkang trep cocok dateng tulodho Nabi Muhammad SAW.

  2. Enggal-enggal mundut pirso babagan amaliah ibadah (wudhu, sholat,…lsp) dateng tiyang ingkang kawawas pono, paham secara dasaring ilmu agami islam al-Quran lan al-hadis, kanthi saged mbuktiaken dalil/acuan secara fakta soho data otentik.

  3. Supados bersyukur lan berbesar hati, pemerintah RI kanthi UUD 1945 pasal 29 ayat 2 sampun paring jaminan kebebasan dateng sedoyo warga negara kangge memeluk agama lan beribadah (beramal) menurut agami soho kapitadosan piyambak 2

  4. Supados kagungan prinsip (pendirian) miderek kabeneran saking pangertosan /hikmah al-Quran al-hadis demi keselamatan diri pribadi lan keluargi, mboten ugeripun ingkang umum. Keporo Alloh SWT ngengetaken bilih menawi ibadah nderek umumipun yekti bade kesasar, sebab umumipun panci mboten sami mangertosi agami ingkang leres. Monggo dipun bika QS.Al-An’am (6);116.

  5. Supados trampil membawa diri wonten madyaning masyarakat, sopan santun nglembah manah netepi sifatipun tiyang iman akhlaqul karimah, budi pekerti luhur. menghormati, menghargai, ningkataken toleransi dateng pemanggeh tiyang sanes ingkang benten kapitadosanipun.

  6. Menghormati dateng tokoh agama, tokoh masyarakat, tokoh adat/tradisi, ugi menghormati kegiatan tradisi/adat istiadat, kebudayaan saking nenek moyang ingkang sampun turun maturun ing masyarakat.

  7. Kanthi kito tansah menghormari dateng tiyang sanes, kito supados yakin sampun ragu-ragu/mamang, menawi kito gadah keputusan ingkang benten temtu tiyang sanes ugi tetep bade menghormati keputusan kito. Menawi kito mboten salah, mboten wonten malih ingkang kito ajrihi kejawi namung dateng Gusti Alloh SWT.

  8. Supados enget peringatan Alloh SWT ing QS al-Hujrot(49); ayat 6 “ Hei wong kang iman/percoyo , menowo ono wong fasik (metu seko taat Alloh lan rosul) teko ing siro kabeh kanthi nggowo carito, mulo podo goleko penjelasan (konfirmasi/ditanjakke) disik, supoyo siro ora gampang nuduh/ndakwo salah sijineng golongan/kelompok kanthi coro jahiliyah / bodho (melu-melu) kang kanthi tumindakmu dewe kang koyo mangkono , ing tembe mburi (akhirot) siro kabeh podo getun”.

  9. Kadonyan meniko minongko jembatan dateng kaberhasilaning akhirat. Bondo, pangkat, kasugihan minongko sarana/kendaraan, wondene ibadah/agami minongko margi. Gesang kanthi sedoyo peparingipun Gusti Alloh arupi bondo, pangkat, kasugihan sewau saget murakabi, barokah manfaat mendukung tumuju dateng kabegjan gesang kito ing akhirat menawi kito estu paham lan nglampahi syariat (tatacara,jalan) ibadah ingkang leres.

  10. Supados yakin/pitados dateng al-Qur’an, bilih menawi kito istiqomah (konsekwen) netepi, nglampahi dawuh Alloh SWT, sawanci-wanci malaikat tumurun bade njabut nyowo kito, malaikat dawuh”siro ojo wedi, ajo susah, keporo siro bebungaho kanti suargo kang wis dijanjeake” lan Alloh SWT tansah ndampingi, mbiyantu dateng tiyang ingkang istiqomah, dawuhipun ”Engsun (Alloh) kekasih siro kabeh ing donya lan ing akhirat. Lan ing suargo (bakal keturutan) opo kang siro pengini lan opo kang siro jaluk” nyuwun tulung dipun bukak/cek QS Fushilat(41)30-31

Pringwulung, 20 Juli 2007



Hari Wuryanto

No comments:


Artikel yang dimuat Harian Bernas Yogyakarta, Jumat 12 Januari 2007